panggonancerito.blogspot.com

Wednesday, 28 October 2015

Salah Dino

Esuk2 iku Juminten nggugahi Sardot..

Juminten : Doot,,ndang tangi doot…(bengok2 nganggo TOA masjid)

Sardot : Grrrrr…

Juminten : WOOY DOOT..IKI WES AWAN DOOOT (siap2 nyumet mercon pat likuran)

Sardot : hmmmm (molet karo goyang GOJIGo)

Juminten : DASAR BOCAH
NDABLEG…Nyooh rasakno sisan..(karo nguncali mercon)

“DUAAAAARRRR….!!!!”

* Sardot kaget sampek tibo soko amben..

Sardot : ngopo sih mbok??

Juminten : iki wes jam 7 dot..kowe po gak sekolah??

Sardot : OPOO??? WES JAM 7
MBOK???? (langsung kalang kabut)

Sardot tanpo mangan,tanpo raup langsung ganti sragam trus budal sekolah..

Sardot : waduuh..kok angkot’e gak lewat2 to?? (panik)

* Ujug2 Mukri si bakul wedus lewat..

Sardot : wooy kang Mukri..mandeg kang..!!!

Mukri : ono opo dot..

Sardot : anu kang..aku arep nunut numpang bonceng nyampek sekolahanku..pliss kang..

Mukri : (mikir sedelo)..emang kowe gelem po numpang amor wedus neng
bronjong (keranjang) iki??

Sardot : aku gelem kang..hiks..

Akhire Sardot oleh tumpangan masio ndusel2 karo wedhus..

Pas nyampek sekolahane,,pager gerbang wes ditutup..

Sardot : siaal..aku telat maneh..(karo lingak linguk)

“Mumpung penjagane gak
ono,mending mlumpat pager
wae..Setuju to Luurr?? muehehe..”

*Naliko Sardot lagi menek pager ujug2 ono sing mbengok..

“WOOY…DASAR MURID RA DUWE TOTO KROMO..!!!! “

* Sardot langsung mudhun mergone dikonangi pak SODRON..GURU BP
SING TERKENAL KILLER..

Sardot : aampuun pak..

Sodron : oh..jebul kowe
maneh…sampek bosen aku nyawang rupamu sing telat trus…(mlintir brengos)

Sardot : aanu paak..

Sodron : koncomu paling seminggu telat ping pisan,,tapi kowe sminggu iso telat ping wolu…(ngungkal
penthungan)

Sardot : tapi pak niki wau…

Sodron : halah kakehan alesan…kowe tetep kudu dihukum..

Sardot : pak..hiks..(rai melas)

Sodron : saiki push up 20 x cepet..

Sardot : siaap pak..(langsung push up)

“1..2..3……..20 ..”

Sardot : lapor pak..push up wes rampung..saiki aku oleh mlebu neng skolahan to pak???

Sodron : Ora…kowe tetep tak hukum ngubengi lapangan ping pitu..cepeet..(karo gertak)

*Saknaliko Sardot langsung mlayu ngubengi lapangan ping pitu..

Sardot : Lapor pak..tugas selesai..(karo ngos-ngosan)

Sodron : hemm

Sardot : saiki kulo oleh mlebu to pak??

Sodron : aku wes mikir lan
mempertimbangkan….KOWE BALIO MULIH WAE..

Sardot : (tibo jungkel trus tangi)Lhooh..kan aku wes sampean hukum pak…NGOPO AKU KOK MALAH DIKON BALIK MULIH PAK..BAPAK RA DUWE PERASAAN…

Sodron : justru yen kowe tak ijinke mlebu,aku malah salah dobel pindho..

Sardot : maksute piye pak??

Sodron : …….
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
…. MAKSUTKU IKI MAU JEBULE DINO MINGGU DOOT LAN AKU YO LALI
DINONE TRUS MLEBU NENG
SEKOLAHAN..muehehehehe…

*Sardot salto geblak..

Sardot : pak…

Sodron : piye dot..

Sardot : gelut wae yooh…..




sumber: Guyonan jowo

No comments:

Post a Comment