panggonancerito.blogspot.com

Thursday, 15 October 2015

Kelangan Sinyal

Sardot sing nesu amargo sinyal hapene ilang langsung nelpon operator sing jenenge Sodron.. 

Sodron : "selamat siang.. Saya bicara dengan bapak siapa?" 

Sardot : "jenengku Sardot !!" 

Sodron : "oke bapak Jenengku Sardot,.ada yang bisa kami bantu bapak?" 

Sardot : "SARDOT TOK MAS !!" 

Sodron : "oh iya maaf..dengan bapak Sardot Tok ya?" 

Sardot : "ORA NGANGGO TOK MAS !!.. SARDOT !! S..A..R..D..O..T !!" 

Sodron : "iya..maaf..maaf.. Bapak Sar...dot.? ada masalah apa bapak?" 

Sardot : "kapan aku kawin karo simbokmu hah?"

Sodron : "maaf bapak.. saya ga ngerti maksud bapak?" 

Sardot : "awakmu kuwi lho ngundang Aku Bapak..bapak,. emange aku Buapakmu pow?" 

Sodron : "maaf bapak.. Itu karna saya menghormati anda bapak.." 

Sardot : "aku ora butuh dihormati !! Nek pean ameh hormat...kae hormato karo gendero wae!!"

Sodron : "iya sekali lagi maaf bap..eh mas sardot..ada yang bisa kami bantu?" 

Sardot : "ngene pakdhe...iki hapeku kok sinyale ilang ki kepiye tanggung jawabmu? Aku dadi kangelan ameh nelpon ayang Jumi.. Piye iki hah?" 

Sodron : "Untuk mas sardot kami mohon maaf karena sedang ada perbaikan teknis jadi kemungkinan mengganggu kenyamanan anda mas.." 

Sardot :"Oh ngono tow..lha tekan kapan kuwi?aku selak pengen ngebel pacarku...tulung lah om..kepiye carane mbok pean ngusahake.." 

Sodron : "Kami belum tau mas karna kam......" 

Sardot : "wes ngene wae paklek..daripada dewe mumet-mumet.. Aku mung njaluk karo pean..tulung.. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ...aku diwenehi SINYAL sing ANYAR wae kepiye ?? Sinyal sing ilang wes tak ikhlaske wae..aku ridho.. Lair batin kang.. Sumpah,.."

No comments:

Post a Comment