panggonancerito.blogspot.com

Wednesday, 28 October 2015

Dipalak Preman

Critane Sardot lagi mlaku mulih kerjo soko pabrik.. Pas tekan gang sing rodo sepi Sardot dicegat karo Sodron,si preman lokal,sing awake gedi dhuwur, lengene kebak tato,rambute mohawk disemir abang..

Sodron : “woi.. Mandhego kowe!”
Sardot : “piye kang.. Ono opo?”
Sodron : “kowe mesti wong anyar neng kene? Ngerti pora aku sopo?”
Sardot : “wah.. pinter ik.. Iso nrawang.. Pean dukun yo kang?”
Sodron : “HEY SONTOLOYO.!! Wani ngajak guyon kowe heh?? Nek lewat kene ki KUDU MBAYAR!! Ngerti ora?”
Sardot : “pean RT neng kene pow? Njaluk sumbangan warga ngono kang?”
Sodron : “AARGGH…AKU UDUK PAK RT!!! .. Kowe ora mandang awakku sing GEDI ngene iki pow “
Sardot : “eemm.. opo Pean kuli panggul neng pasar?”
Sodron : “JIAAAHH… UDUK KUWI!! iki lho.. Ra weruh lengenku kebak tato ngene.. Ngerti pora?”
Sardot : “tukang dandan payung?”
Sodron : “J*NCOK!! UDUK KUWIIIII!!! rambutku iki lho cok..rambutku wes nantang langit semiran ngene mosok ra paham aku sopo!!”
Sardot : “banci prapatan..??”
Sodron : “duh Gusti paringono ninja 4tak.. Iso stroke aku ngadepi wong siji iki… “
Sardot : ” EALAH.. Saiki aku ngerti pean sopo kang!!”
Sodron (sumringah) : “lah ngono.. sopo.. sopo.. Aku sopo jal?”
Sardot : “pean khan awake gedi dhuwur..!! bener tow?”
Sodron (seneng) : “iyo.. iyo.. bener.. bener.. Terus?”
Sardot : “lengenmu kebak tato,. bener??”
Sodron (ngguyu) : “hahaha.. bener banget kowe!! Terus.. Terus??”
Sardot : “rambutmu di- mohawk disemir abang,. Koyo neng film-film kae.. Bener??”
Sodron (lego) : “akhire… munyuk katrok iki paham awakku ki sopo.. Hahaha..”
Sardot : “mbok ngomong ket mau nek pean ki…….

……ULTRAMAN..

sumber guyonan jowo

No comments:

Post a Comment