panggonancerito.blogspot.com

Wednesday, 2 December 2015

GOLEK apesugihan

Esuk esuk,sardot lan sodron jagongan nang warung sinambi ngopi

Sardot :walah dron dron nasibku jan elek tenan ki..

Sodron :lho elek kepiye dot?

Sardot :lha piye dron
,umur soyo tuwo bojo wae ora nduwe,opo maneh bojo pacar wae ora nduwe, piye jal??


Sodron :alah nak mung masalah ngono dot kecil...ayo kowe tak terno nang gone mbah mukri..dewekne iku dukun paling sekti .

Wong 2 njur budal nang gone mbah mukri..

Mbah mukri :ono perlu opo kowe mrene hah??

Sodron :niki lho mbah, batur kulo kok jodone seret..nopo malih calon bojo,pacar mawon dereng gadah..

Mukri :hahahaha..uhuk uhuk..sori simbah watuk..ngene yo le...nak masalah iku tak anggep gampang..sing penting baturmu iku gelem nglakoni sayarat syarate. Yoiku nyolong DALEMANne bocah wedok sing di senengi..gelem ora..lha mengko DALEMANne mau gowo mrene tak rapalane??

Sardot :nak mung syarat niku kulo sagah mbah..niku gaweane kulo mbendinten..

Wong 2 njur pamit mulih

Teko omah,sardot njur budal maneh yoiku nglakoni syarat seko gone mbah dukun,nyolong DALEMAN nggone cah wedhok sing di sir..

Sorene,sardot karo sodron nongkrong maneh nang warung..

Sodron njur takon karo mbah juminten sing lg lewat nang arep warung..

Sodron :ajeng teng pundi mbah??

Juminten :arep nang pasar nukokne klambi putuku paijem..(karo mernahne untune)

Sodron :lho lho lho emange paijem mboten gadah klambi nggih mbah??

Juminten :emange kowe ora ngerti yo nak klambine putuku iku sing anyar mau awan sing di kumbahi di colong maling..kae putuku nganti sak'iki isih nangis gerung gerung ono kamar nangisi klambine..

Sardot mencap mencep karo ngudek kopine..

Sodron :wah edan tenan maling iku..gombal wae kok di colong..iku jelas maling keturunan kere iku..

Juminten :iku isih mending le..lha mosok DALEMAN kok yo melu melu di colong,piye jal..

Sardot mesam mesem karo nyruput kopine..

Sodron :wo nak iku sing jelas malinge rodok edan iku mbah...

Juminten :ora edan maneh le tapi stres, padahal iku DALEMANKU SIJI SIJINE sing di umbahi putuku sing di colong.njur DALEMAN IKU arep gawe opo jal??

GUBRAKKKK (Sardot keselek gelas njur kejet kejet) 

No comments:

Post a Comment